4 Jan 2013

Wong Turki

Cekikikik.. Ngeeeng... Motore bapake aku moni. Abong motor jaman kuna lereng, suarane kaya pun diseret nang dalan aspal. Moga-moga aku mbesuk bisa nukokna motor nggo bapake sukur pisan yaa mobil sing bisa nggo nggawa jeruk maring pasar terus juga ngajikna, ziarah maring tanah harom. Bapake nyong kwe paling keren sedunia apa ko rangerti?
Jal! Kaep nyong cilik tekan siki pirang-pirang usaha sing delakoni. Pernah dagang dolanan bocah cilik; ana ngek ngekan, mobil-mobilan, lan sapanunggale. Mergane aku esih cilik seneng dolanan akhire bapake nyong dagang dolanan sekalian sing akeh, tapi anu nggo didol, paling nyong kur denei loro, ngek-ngekan karo mobil-mobilan. jan geneng malahan crita kuwe, anu arep crita mbiyen nyong cilik koh. Pangampurane laahyah sapa bae ko sing lagi maca.
Kayane tah kiye ora penting dewaca nang sapa sing ora pengin ngerti nyong, nyong tah anu kur pengin nulis seanane, dadi anggene ora cocok yaa terserah. Nyong tah ora arep ngurusi. Ora urusan ora urunan ora nduwe duwit nggo ngurusi sing ora nggenah.
Mbiyen yaah jere ninine, nyong delairna dina kemis wage jam sanga esuk pas mamake nyong tes sholat duha. jaand keren nemen yaah semoga pertanda apik rejekine akeh lan berkah dunya akhirat. Nyong laire normal tur kepenak kaya bayi biasane lair ora ana kesusahan, anggene lara tah yaa nden genah larane, anu dasare geh nglairna yaa lara (jarene sih nyong tah ora pernah ngrasakna). 
Nyong delairna nasibe dadi bocah lanang, anak keloro sekang rong sodara kakang adi. kakange nyong wadon dadi nyeluke dudu kakang tapi "yayu utawane mbekayu" arane Khikmatul Istinganah. keton wong turkine (Turunaan Kidul alias wong kidul banyumasan) yoooh. Nganggo 'eng' kweh. Wes pada nngerti kabeh, terkenanl pokoke wong banyumas lan sekitare angel ngomong ngain. wis lah semene sit, nyong arep sinau. Lagi ujian kyeh, dongane lah yaa moga-moga najjah tafawuq nilene. Amin. sampai ketemu manig nang lain kesempatan!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar